Bocah-bocah iki sajatine isih suci
Resik kaya dluwang
Putih memplak
Durung ana orek-orekan
Sing ngregeti
Bocah-bocah iki sejatine
sok ngenteni
Kayak ngapa wong tuwa sing
nggambari
Menehi werna endah
Saben wayah
Ananging
Barang nyalawadi kuwi
Ndadekake aring
Barang kuwi padha dicekeli
Nganti lali
Playunene wektu gilir gumanti
Wusanane barang nyalawadi
Ora bisa maneh diuculi
Saka tangan-tangan sing
isih cekli
Mbok menawa sing bisa
nambani, mung …
Katresnane bapa ibu sing mbanyu mili
Tansah nelesi pulunging
ati
Ngrenggani dina-dina sing
bakal dilewati
Tidak ada komentar:
Posting Komentar