Selasa, 16 Februari 2016

Mbangun bale somah


Omah-omah
Kanthi ananing janji suci
Awake dhewe wis nyawiji
Tansah ngupaya netepi janji iki
Mbangun bale somah
Ora beda karo budhal perang ing palagan
Wong loro kudu nggilikeke niat
Urip bungah susah bebarengan
Nglakoni urip bebrayan
Ing tengahe ndalan ora gampang diprangguli
Akeh pepalang
Akeh pacoban
Urip kayadene perjuangan
Kebak sandhungan
Urip ora beda sawijining pendadaran
Urip kuwi kanyatan
Bungah susah maneka masalah dadi sega jangan
Mula linandhesan rasa tresna ayo mbangun omah iki nuju dalan kamulyan

Nunggu tekamu


Irah-irahane nunggu tekamu 

Wektune iki wis wengi
Aku nunggu olehmu bali
Wis tak wanti-wanti
Supaya awakmu tansah ngati ati
Amarga lungamu kanggo bab kang wigati
Iya ora bakal tak gondheli
Aku wis ngerti
Lan aku percaya nganti teka telenging ati
Mesthi awakmu bakal bali
Bali nggawa warta sing bisa gawe lega ing ati
Amarga lungamu kanggo numpes durangkara ing negara iki


Jumat, 12 Februari 2016

Ngger anakku


Ngger Anakku
Ngger anakku....
Bapa biyungmu iki ora tau kendhat
Nyuwun marang sing Akarya Jagad
Tansah dedonga anakke bisa mupangat
                Bapa biyungmu iki
                Saben wayah lingsir surya
                Tansah ngupaya
                Menehi tuladha supaya ra dha sulaya
                Gegayuhaneiku anakke bisa urip mulya
Ora tau sambat
Ora krasa sayah
Linandhesan katresnan sing ora winatesan dawane jaman
                Manawa bapa biyungmu iki isih jembar kalangane
                                                                      Isih dawa umure
                                                                      Isih dawa jumangkahe
                Bakal dak perjuangake nganti sakkuate
Jejibahanku minangka wong tuwa
Nampa amanah saka Sing Kuasa

Membangun Literasi Digital Keluarga

Mari kita intip kegiatan anak sulung kita didalam kamarnya, ternyata sedang serius dengan gadgetnya. Kemudian mari berjalan, kita lihat sang...