Selasa, 01 Maret 2022

Kembang Rejasa nggawa cerita

 


Nalika kembang rejasa nggawa cerita.

Lumakune dina,

Ora bisa disigeg mandhek.

Tansah lumaku runtut nut marang, pepasthene Gusti.

 

Sakabehan cerita,

Karakit kanthi endah.

Ing nala,

Sakabehing paraga

Ing kene, SMP N 8 Salatiga

 

Kelangan, iya...

Nanging ya kudu rila, merga ora bisa endha.

Kanggo netepi kewajiban minangka abdine negara.

 

Maneka warna donga kaucap.

Suk sakwise dina iki,

Ing kana bisa cerita,

Ing kene uga bisa  dadi cerita.

 

Ceritane awake dhewe bebarengan

Gegandhengan,

Mawujudake gegayuhan.

 

Kembang rejasa isuk iki ngebaki plataran.

Nyekseni ,

Menawa awake dhewe iki ora pisahan,

Nanging mung srana netepi jejibahan

 

Sugeng ngayahi amanah enggal

Mugi tansah semangat makantar-kantar

Kados nalika wonten mriki, wonten ing SMPN 8 Salatiga

 

Katresnan ingkang sepisanan niku awrat kangge nyupekkake

Ananging mangga move on sareng-sareng

 

Mirsani ngajeng, kanthi bagya mulya

Mirsani wingiking, kanthi esem ngujiwat

Numpak Prau

 


 











Mbangun bebrayan kuwi kaya ngumbara

Akeh pepalang, akeh pacoban

Keh wong ngomong

Kaya-kaya numpak prau ing segara

Ya ana nahkodane

Ya ana penumpange

 

Ana kalane nyilem ing sanjerone segara mau

Sing mesthi aja nganti kanyut,

Kudu bisa munggah maneh ing prau

Nerusake laku

Bab prahara ing sajerone

Sing diprangguli

 

Kuwi wis mesthi...

Nanging muga prau mau tansah kuat

Lelayaran ing samudra penguripan

Lelandhesan janji suci marang Gusti

Kuat nglakoni samubarang

Kang endah

Utawa susah

Muga tansah nyawiji

Nganti tekaning pati

Barang Nyalawadi




Bocah-bocah iki sajatine isih suci

Resik kaya dluwang

Putih memplak

Durung ana orek-orekan

Sing ngregeti

 

Bocah-bocah iki sejatine sok ngenteni

Kayak ngapa wong tuwa sing nggambari

Menehi werna endah

Saben wayah

 

Ananging

Barang nyalawadi kuwi

Ndadekake aring

Barang kuwi padha dicekeli

Nganti lali

 

Playunene wektu gilir gumanti

Wusanane barang nyalawadi

Ora bisa maneh diuculi

Saka tangan-tangan sing isih cekli

 

Mbok menawa sing bisa nambani, mung …

Katresnane bapa ibu sing mbanyu mili

Tansah nelesi pulunging ati

Ngrenggani dina-dina sing bakal dilewati

Membangun Literasi Digital Keluarga

Mari kita intip kegiatan anak sulung kita didalam kamarnya, ternyata sedang serius dengan gadgetnya. Kemudian mari berjalan, kita lihat sang...