Wis
meh sesasi ora bisa ketemu karo murid-murid, rasa kangen iki ngebaki dhadha. Isuk
iki mau aku budhal menyang sekolah saperlu nindakake piket wajib kanggo bapak/
ibu guru. Sakjane ya padha karo murid-murid, dhawuhe pemerintah bapak ibu guru
ya didhawuhi ing ngomah wae. Ananging amarga kewajiban, Bapak Ibu guru isih
tetep maringi tugas kanthi cara daring supaya kowe kabeh bisa tetep sinau ana
ing ngomah. Jebule, swasana sekolah menawa ora ana murid-murid kuwi sepi
nyenyet. Kelas-kelas sing adate jam semene rame swasana pamulangan, nanging
saiki ruang cacah patlikur kabeh tutupan. Amung keprungu swara cenggeret
saut-sautan. Tekan suk kapan? Durung dimangerteni… Amung donga tanpa kendhat
muga-muga virus corona enggal menyat.
Banjur
tuwuh pitakonan, saksuwene sinau ing ngomah apa murid-murid bisa sianu tenanan?
Kira-kira ana bedane apa ora, sinau dhewe karo sinau bareng kanca-kanca lan
bapak ibu guru? Apa sing kok rasakake nalika sabendina ana ing ngomah wae? Apa
wektumu bisa kok gunakake kanggo bab-bab sing ana gunane? Apamung nonton TV lan
dolanan HP?
Coba
jlentrehna/critakna apa wae uneg-unegmu saksuwene sinau ana ing ngomah wae!
Bisa
kanthi gawe crita pengalaman pribadi utawa tetembungan cekak aos. Di upload ing instagram/FB
Tuladha:
Parikan
Udan udan mangan sate
Sate sapi
suruh salatiga
Sinau dhewe ra ana gurune
Merga corona randang lunga
Geguritan
Jampi
Murakabi
Lelara tumiba ing donya
Sumebare ora bisa diduga
Pating tremplek ing sandhengah papan
Ora ngetarani
Nanging bisa nglarani
Ora bisa dijupuki
Mung awake, ya kudu ngati-ati
Kae lho… lelarane tumiba ing donya
Bisa diweruhi kijing tharik-tharik
Sakehing wong dipencloki
Covid-19, Corona
Krungu jenenge wis nggegirisi
Medeni
Karo nunggu jampi sing murakabi
Kori-kori
ditutupi
Pasrah lan ndedonga marang Gusti
Lelara iki gek ndang lunga saka Negara iki
Salatiga, 17 Maret 2020
Catetan:
1. Kudu migunakake basa Jawa
2. Tandai (FB: Ayomi Palupi, IG:
Ayomi Palupi)
Nama: Yemima Putri Karunianingsih
BalasHapusKelas: 9F
Absen: 31
Covid-19 utawa virus Corona kuwi saiki lagi dadi perkara neng saben negoro, neng Indonesia yo do keno virus kuwi. Negoro Indonesia lagi panggebluk, para pengerja do dipreikke, di PHK, cah do sekolah yo ora ono kegiatan opo². Kabeh do kon neng jero omah, ben iso medot penyebaran covid-19. Kabeh tugas bocah2 sekolah, guru², lan pengerjo liyane do nganggo internet online. Kabeh daring, semono ugo aku mergo ono covid-19 iki aku nggarap tugas online terus, ora entuk metu saka omah, manut karo anjuran ne pemerintah. Sakjane aku yo susah ora iso ketemu konco² lan bapak/ibu guru, opo meneh aku saiki wis kelas 9 wis arep pisah karo konco2 Lan bapak ibu guru SMPN 8,rasane yo sedih banget. Ora ono Ujian Nasional, ora ono perpisahan. Sakjane luwih penak nek mangkat sekolah, mergo nggarap tugas² online ribet, kesel, marai mumet. Tapi yo piye meneh dadi warga negara Indonesia kudu miturut aturan pemerintah. Corona kuwi ora ketok wujude nanging dampak e gede banget, makane awake dewe kudu iso jaga kesehatan, sregep wijik, lan diakehi ibadah e ben tetep iso kumpul karo keluarga lan ora keno virus kuwi. Ayo pada dedonga supaya covid-19 utawa virus korona iki cepet ilang lan mati. Supaya kabeh kegiatan manungsa bisa di lakoni meneh. Amin
Aamiin... sianau bisa ing ngomah, sinau apa wae lan karo sapa wae.
HapusNama Kartika Dyah
BalasHapusKelas 9F no.18
Menowo ora Ono covid-19 aku iso sekolah bareng bareng maneh Karo guru lan kanca kancaku nanging saiki suasanane wes beda Kabeh wong kon neng ngomah amerga corona,Mugi Mugi wabah iki iso lek ndang ilang ingin donyo Iki supaya aku lan kanca kancaku bisa sekolah meneh
Aku wis sinau ing omah kanthi sewulan lan ora bisa ketemu karo kanca lan guru.Iku banget kangen suasana sekolah sing nyenengake amarga ana guru lan kanca, nanging swasana beda saiki amarga ana bencana sing diarani Corona Virus.
BalasHapus.virus matine banget tumrap manungsa ing bumi tinta.etetai yen kita sregep njaga kebersihan awak kaya tangan, irung, lan rai virus ora bakal nyerang awake dhewe. rumangsa bosen amarga aku ora bisa takon marang guru utawa ngobrol karo kanca-kanca, nanging aku ngerti manawa ing saben bencana ana pelajaran sing penting. mandheg enggal supaya bisa ketemu karo kowe, mula kabeh crito ing omah aku kangen sampeyan.
Nama:junifan rizky
Kelas:9F
Nomer:16
Murid murid sekolah Kabeh dipreike, wes meh 4 Minggu Nang omah wae,preinan Iki digunakke gawe Sinau lewat jaringan online,preinan kali Iki suasanan ne ora nyenengke, gara gara ono virus COVID-19 awak dewe ora iso metu seko omah LAN kudu nyambut gawe Nang omah, rasane pengen ngerasakke sekolah meneh,kangen suasanan sekolah, kangen konco konco,kangen guru guru, lan kangen Karo jajanan sekolah.
BalasHapusVirus COVID-19 Iki iso di ilangke Yen wong wong iso tertib ngelakoni opo seng dikarepke pemerintah, neng omah wae, Ojo lali njogo kebersihan,lan Ojo lali Yen metu Seko omah ngo masker,tapi wong wong do angel kandananne dadi virus Iki cepet nyebare, kudune wong wong iso sadar diri Ben virus Iki cepet ilang
Tapi Kulo iso ngerteni yen saben musibah ono ajaran seng penting
Mugo mugo virus Iki iso cepet ilang lan awak dewe Kabeh iso kumpul kumpul meneh.
Nama: Najwa Alya Hafshah
Kls : 9F
No : 23
Wes patang minggu nek omah ra sekolah amargo ono virus covid -19.iku ono senengnge ono susahe .senenge yaiku ora ono ujian nasional lan sakpiturute.nak susahe kabeh serba online.ra entok lunggo lunggo seko omah.neng omah terus bosen koyo koyo ra ndue konco .dadi kesimpulane penak belajar neng sekolah ketimbang neng ngomah.neng sekolah iso ketemu kancane iso jajan bareng lan sakpiturute.
BalasHapusDwi listiani
BalasHapus10
9a
wis 4 minggu ing omah amarga sekolah ditutup amarga ana wabah virus corona, sinau ing omah wis diganti karo jaringan online, aku kantun mulih ing guru lan kanca-kanca, yen virus iki bakal ilang aku ing omah wis kantun guru lan kanca-kanca.sinau ing sekolahan iku luwih kepenak Tinimbang ing omah amarga biso Sinau bareng bareng kalin konco konco
BalasHapuswis 4 minggu ing omah amarga sekolah ditutup amarga ana wabah virus corona, sinau ing omah wis diganti karo jaringan online, aku kantun mulih ing guru lan kanca-kanca, yen virus iki bakal ilang aku ing omah wis kantun guru lan kanca-kanca.sinau ing sekolahan iku luwih kepenak Tinimbang ing omah amarga biso Sinau bareng bareng kalin konco konco
BalasHapusNama:Irfan Maulana
Kelas:9F
Absen:14
Nama:handika hendra kusuma
BalasHapusKelas:9F
Absen:13
Aku luwih 4 minggu ing omah. saben dina kita siswa sinau lan nindakake tugas liwat internet amarga Indonesia kena virus covid-19 Aku ndonga supaya virus iki sirna cepet lan bisa sekolah kaya biasane