Minggu, 03 Desember 2017

Nganu

Nganu
Salatiga, 31 Januari 2017

Kowe lagi ngapa?
Nganu

Nganu apa?
Pokokke nganu

Lho kok ora cetha ta
Lagi nganu apa?

Pancen wong saiki kakean nganu
Sithik sithik nganu
Apa sithik nganu

Nganu apa? Nganu karo sapa? Nganu merga apa?
Nganu bab apa?

Coba delengen kae...
Kakean nganu malah ra nganu-nganu

Nganu apa?
Mboh...

Pokokke nganu

Ikhlas

Ikhlas

Ikhlas iku gampang diunekake
Nanging ora gampang dilakokake
Ikhlas iku manggon ing atine dhewe
Amung ridhone Gusti sing dikarepake
Pancen bener tangan ing dhuwur
Luwih apik katimbang tangan ing ngisor
Nanging iku ana syarate

Ikhlas...
Pancen tembunge cekak
Nanging maknane ora bisa mbok selak
Wis ta aja mbok omong omongke bab ikhlasmu kuwi
Cukup mbok simpen ing jero ati
Supaya sing pirsa iku mung Gusti
Iku sing jenenge ikhlas

Membangun Literasi Digital Keluarga

Mari kita intip kegiatan anak sulung kita didalam kamarnya, ternyata sedang serius dengan gadgetnya. Kemudian mari berjalan, kita lihat sang...