Kamis, 23 Juli 2020

SALATIGA


Salatiga kutha cilik ing tanah Jawa
Apa wae cumepak ana kana
Lan maneka warna suku uga agama
Ana sing ngarani kutha Bineka
Tan  kendhat padha di jaga
Iki ana buktine
Genah-genah katon rukune
Arang ana cecongkrangan ana kene

Salatiga hati beriman semboyane
Aman kahanan kuthane
Lestari alame
Akeh sing kesengsem atine
Tata krama pendhudhuke katon sakyahene
Isih krasa adhem hawa kuthane
Gawe krasan urip ing kene
Angel manawa arep ninggalake


Sabtu, 18 Juli 2020

Materi 1 Anoman Duta IX




ANOMAN DUTA
 Dening; Ayomi Palupi Irawati, S.Pd
A.              Pendahuluan
Modul niki kadamel kagem pasinaon wonten kelas sanga semester setunggal inggih punika wonten Kompetensi Dasar Memahami cerita wayang Ramayana lakon “ Anoman Dhuta” saha Menanggapi isi teks cerita Ramayana “Anoman Dhuta”. Amargi kawontenan buku paket Basa Jawi saking Pemerintah dereng wonten, pramila wonten mriki kula nyerat modul supados pembelajaran langkung gampil dipun tampi dening lare lare wonten SMP mliginipun siswa siswi SMP N 8 Salatiga.
Cerita wayang Ramayana inggih menika salah satunggalipun cerita wayang ingkang kawentar, boten naming wonten tanah Jawa kemawon ananging kawentar wonten donya. Amargi kawontenanipun cerita katresnan antaranipun Rama kalih sinta  .
Siswa supados saged maos saha mangertosi wosipun salah satunggalipun epos wayang Ramayana inggih menika lakon Anoma Dhuta sahengga saksampunipun maos, para siswa saged paham saha saged nyariosaken lan mendhet piwulang saking lakon Anoman Dhuta
B.              KEGIATAN BELAJAR
Kegiatan Belajar I: Memahami Cerita wayang Ramayana lakon Anoman Duta
1.      Tujuan
Sakwise nyinau wulangan iki siswa bisa;
a.       Paham isine cerita wayang Ramayana lakon Anoman Dhuta
b.      Nemokake tembung tembung sing angel banjur mangerteni teges lan tembung liane ing cerita “Anoman Dhuta”
c.       Mangsuli pitakonan nggunakake bahasa krama cerita “Anoman Dhuta”
d.      Nemtokake isine cerita “Anoman Dhuta”migunakake basane
e.       Nemokake piwulang becik ana ing cerita “Anoman Dhuta”
2.      Materi Pokok
Cerita Anoman Dhuta
3.      Uraian Materi
Wacanen cerita Wayang Ramayana  ing ngisor iki banjur eling elingen urut-urutan prastawa ing jero crita kasebut!

ANOMAN DHUTA

Prabu Rama lagi duka amarga Dewi Shinta, garwane, didustha dening Rahwana. Anoman banjur diutus budhal menyang Ngalengka kanggo mapag lan nggawa bali Dewi Shinta nanging katekan wanara liya kang jenenge Anggada. Anggada kepengin dadi utusane Rama kanggo mapag Dewi Shinta, sakloron padu padha pamer kakuwatan. Minangka solusine, Prabu Rama banjur menehi sayaembara kanggo Anoman lan Anggada. Nalika ditakoni sapira suwine wektu kang ditempuh kanggo menyang Ngalengka Anoman mangsuli butuh wektu sepuluh dina, nanging Anggada bisa nempuh mung pitung dina bae. Anoman ngudhunake dadi limang dina lan Anggada mangsuli telung dina. Pungkasane Anoman menang sayembara amarga dheweke sangguh teka ing Ngalengka kanthi wektu sedina. Anoman banjur budhal dikancani dening Semar, Petruk, lan Bagong.
Anoman kepengin cepet-cepet banjur punakawan dilebokake neng kancing gelung Anoman. Wiwitane Anoman budhal menyang kahyangan kanggo nemoni Bathara Surya lan matur supaya srengengene diendheg. Kanthi cara mangkono dinane bakal awan terus lan Anoman bisa teka ing Ngalengka sedina bae kaya janjine. Sawetara suwi mikir, Bathara Surya pungkasane gelem ngendheg lakune srengenge, iku bae amarga Semar kang nyuwun marang Bathara Surya. Sawise iku Anoman mudhun maneh nanging lagi bae midak lemah, dheweke kesedhot segara. Jebule kang nyedhot Anoman iku Ditya Wil Kataksini kang njaga segara Ngalengka banjur diuntal menyang jero wetenge. Anoman ngupaya metu saka jero wetenge Wil Kataksini kanthi mbedhah wetenge nganggo kuku Wajane. Wil Kataksini mati lan Anoman nerusake lakune.
Anoman kang diuntahake Wil Kataksani tiba ing gunung lan semaput. Punakawan banjur nggawa Anoman menyang gowa Windu kang ing kono ana wong wadon tapa jenenge Dewi Sayempraba. Dewi Sayempraba banjur nolungi si Anoman lan punakawan, diwenehi panganan lan ngombe. Anoman ora bae waras saka larane nanging uga kepranan marang dewi kasebut. Sawise krasa cukup suka pari suka karo Dewi Sayempraba, Anoman pamit budhal nerusake laku menyang Ngalengka. Metu saka gowa Anoman dadak ora bisa ndeleng, dheweke dadi wuta. Anoman lan punakawan sedhih karo kahanan kaya mangkono amarga dianggep Anoman bakal gagal menyang Ngalengka kanggo nggawa bali Dewi Shinta kaya kang wis diutus Rama. Anoman dikancani punakawan mbacutake lakune kanthi grayah-grayah nganti pungkasane Anoman ketemu karo Garuda Sempati. Garuda Sempati iku kadange Garuda Jatayu kang dipateni Prabu Dasamuka kanthi pedhang Menthawane nalika nolungi Dewi Shinta. Garuda Sempati banjur nolungi Anoman lan punakawan nggunakake idune lan ndedonga marang Dewa. Anoman lan punakawan kasil ndeleng maneh sawise ditambani Garuda Sempati. Sawise leren sawetara, Anoman atur panuwun marang Garuda Sempati lan pamit nerusake laku.
Ing tengahing laku Anoman nglewatidalan kang alus banget kaya babut utawa karpet nanging jebule iku ilate Ditya Ilatmeja utawa Wil Kataksa. Anoman diuntal maneh neng ero weteng nanging saiki karo Wil Kataksa. Kaya kang wis tau kedaden, Anoman mbedhah wetenge Wil Kataksa nganggo kuku Wajane. Sawise kasil metu saka jero wetenge Wil Kataksa, Anoman miber menyeng Ngalengka. Indrajid, putane Prabu Dasamuka kang mangerteni tekane Anoman nggoleki dheweke neng sakupenge praja. Anoman ora kasil ditemokake dening Indrajid amarga sesidheman ing wit nagasari kang ana sajrone Taman Asoka. Banjur Anoman nembang nganti keprungu swarane Dewi Trijatha (adhine Prabu Dasamuka). Dewi Trijatha kang mangerteni bab kasebut kaget ana kethek putih banjur kesengsem. Anoman dielus-elus lan dipangku nganti Anoman mijil kamane lan ceblok ing pangkone Dewi Trijatha. Kama banjur diusapi dening Dewi Trijatha kanthi ron kamal lan dibuwang ing bengawan. Kama Anoman kang korut ing bengawan banjur diopeni Dewi Pratalawati (selir Prabu Dasamuka) ing Negara Guwa Pratala lan ing tembe dadi jabang bayi wujud wanara seta kang dijenengi Raden Triyangga.
Kanthi pitolungan saka Dewi Trijatha, Anoman kasil sowan marang Dewi Shinta banjur menehake ali-ali saka Prabu Ramawijaya. Yen ali-ali kasebut ora sesek lan bisa diagem dening Dewi Shinta kanthi longgar mratandhakake yen Dewi Shinta isih suci. Kabukten yen Dewi Shinta isih suci banjur menehake uga marang Anoman kanggo diaturake Prabu Rama susuk kondhe minangka pralambang yen Dewi Shinta ngenteno banget tekane Ramawijaya. Nalika Anoman cecaturan kalawan Dewi Shinta dumadak kapriksan para prajurit Ngalengka banjur dikepung Indrajid lan prajurite. Anoman digujer tanpa bisa nglawan. Dheweke digawa menyang pasewakan. Printahe Dasamuka kang mangreteni bab kasebut, Anoman dicencang tangn lan sikile kanggo diobong. Tanpa diweruhi liyane, Togong, jelmaan Sang Hyang Antaga menehi Anoman banyu sacegukan kanthi kesepakatan yen omahe Togog dijaga saka anane bahaya.
Prabu Dasamuka kang mimpin pembakarane Anoman nyumet geni ngobong kayu. Ora disangka-sangka dhuwure geni kasebut ora kasil mateni Anoman. Malah Anoman mabur kanthi nggawa geni neng awake. Geni kang digawa banjur diawut-awut neng pojok-pojoke praja nganti sanagara kobong kabeh. Akeh prajurit mati saka pangamuke Anoman. Sawise Ngalengka kobong Anoman banjur mulih saprelu sowan marang Prabu Ramawijaya ing Pancawati. Ing pinggirane segara kang misahake Ngalengka lan Pancawati, Anoman nemokake Raden Wibisana (adhine Prabu Dasamuka) kang semaput amarga dikepruk kangmase dhewe banjur diusadhani dening Anoman. Minangka rasa panuwune, Anoman diterake bali menyang Pancawati dening Raden Wibisana. Sabanjure teka ing Pancawati Raden Wibisana diangkat dulur enom dening Ramawijaya lan didadekake penasihat raja. Mengkone saka Raden Wibisana kasebut Prabu Ramawijaya bisa mangreteni titik lemahe para senopati Ngalengka. Anoman kang slamet bali maneh menyang Pancawati banjur crita ngenani lakune menyang Ngalengka lan nuduhake susuk kondhene Dewi Shinta kang mratandhakake gelem baline Dewi Shinta yen dipapag Prabu Ramawijaya.
https://jv.wikipedia.org/wiki/Anoman_Duta?veaction=edit&section=9

Materi Legenda 1 Kelas 8


CERITA LEGENDA
 Dening; Ayomi Palupi Irawati, S.Pd
A.              Pendahuluan
Modul niki kadamel kagem pasinaon wonten kelas wolu semester setunggal inggih punika wonten Kompetensi Dasar Memahami isi teks cerita Legenda saha Menceritakan kembali cerita legenda. Amargi kawontenan buku paket Basa Jawi saking Pemerintah dereng wonten, pramila wonten mriki kula nyerat modul supados pembelajaran langkung gampil dipun tampi dening lare lare wonten SMP mliginipun siswa siswi SMP N 8 Salatiga.
Dipun tingali sedaya tiyang remen nggatosaken dongeng, amargi saking dongeng tiyang saged nyinaoni isinipun kanthi gampil. Salah satunggalipun jenis dongen inggih menika Legenda. Legenda inggih menika salah satunggalipun dongeng ingkang nyariyosaken dumadinipun salah satunggalipun panggenan utawi salah satunggalipun bab.
Siswa supados saged maos saha mangertosi wosipun salah satunggalipun legenda sahengga saksampunipun maos, para siswa saged paham saha saged nyariosaken carita legenda kanthi bentuk tulisan ugi lisan.
B.              KEGIATAN BELAJAR
Kegiatan Belajar I: Memahami Isi Teks Cerita Legenda
1.      Tujuan
Sakwise nyinau wulangan iki siswa bisa;
a.       Nemokake tembung tembung sing angel banjur mangerteni teges lan tembung liane ing cerita “Dumadine Aksara Jawa”
b.      Mangsuli lan gawe pitakonan kang gegayutan karo isine cerita “Dumadine Aksara Jawa”
c.       Nemtokake isine cerita “Dumadine Aksara Jawa” migunakake basane dhewe
2.      Materi Pokok
Cerita Dumadine Aksara Jawa
3.      Uraian Materi
Wacanen cerita Legenda ing ngisor iki banjur eling elingen urut-urutan prastawa ing jero crita kasebut!

DUMADINE AKSARA JAWA
Kacarita, Prabu Dewatacengkar Ratu ing Medangkamulan. Prabu Dewatacengkar seneng dhahar daging wong. Mula wong-wong ing Medangkamulan padha susah atine. Malah akeh sing padha ngungsi menyang panggonan liya. Padha wedi yen didhahar Dewatacengkar.
Nalika rakyat padha susah, teka satriya bagus kang aran Ajisaka. Ajisaka mertamu marang Mbok Randha. Mbok Randha carita kadadean ing Negara Medangkamulan. Ajisaka trenyuh atine krungu ceritane Mbok Randha. Deweke duwe karep sesuk arep nemoni Dewatacengkar.
Ajisaka duwe abdi loro cacahe kang aran Dora lan Sembada. Dora lan Sembada ditinggal ana ing Pulo Majethi. Wong loro mau didhawuhi njaga keris. Ajisaka weling marang Dora lan Sembada. Welinge mangkene:
1.                       Dora lan Sembada ora kepareng nusul yen ora ditimbali
2.                       Kerise ora kepareng diwenehake sapa wae kajaba Ajisaka dewe.
Sawijining dina, Ajisaka nemoni Dewatacengkar. Ajisaka saguh didhahar Dewatacengkar, nanging Ajisaka duwe panyuwun, yaiku lemah saambane ikete. Dewatacengkar nyaguhi.
Ajisaka njereng ikete.  Jebul ikete amba banget. Ambane nganti tekan segara kidul. Dewatacengkar ngetutake. Nalika tekan sapinggire segara kidul, Dewatacengkar kecemplung badar dadi baya putih.
Sawise nyirnaake Dewatacengkar, Ajisaka banjur diwisuda dadi ratu ana ing Nagara Medangkamulan. Ajisaka banjur ngutus Duga lan Prayoga nusul Dora lan Sembada. Ing dalan, wong loro iku kepethuk Dora banjur ngomongake pesen saka Ajisaka. Dora banjur ngajak Sembada nusul Ajisaka. Sembada ora gelem amarga ora ditimbali Ajisaka dewe. Dora njaluk kerise, nanging Sembada ora ngulungake, amarga dudu Ajisaka dewe kang mendhet. Wusanane Dora lan Sembada padha pasulayan.
Dora lan Sembada perang tanding. Loro-lorone padha digdayane banjur mati kabeh. Kanggo pangeling-eling lelakon iku, Ajisaka nganggit aksara jawa cacahe rong puluh (20). Aksara Jawa iku mangkene:
·  HA NA CA RA KA tegese ana utusan
·  DA TA SA WA LA tegese padha pasulayan
·  PA DHA JA YA NYA tegese padha digdayane ( kuwate / sektine )
·  MA GA BA THA NGA tegese padha mati kabeh

https://jv.wikipedia.org/wiki/Carita_Aji_Saka


Membangun Literasi Digital Keluarga

Mari kita intip kegiatan anak sulung kita didalam kamarnya, ternyata sedang serius dengan gadgetnya. Kemudian mari berjalan, kita lihat sang...