Kamis, 09 April 2020

Tugas Bahasa Jawa ke-4 Kelas VIII


Guruku idolaku
Jam enem, aku isih enak-enakan klekaran ana ing amben empuk iki. Wis pirang-pirang dina dak rasakke kok nyelot suwe sinau dhewe nang ngomah ngeniki kok ya mbosenake. Karo mbayangake kedadean kedadeyan kepungkur, sakdurunge ana wabah Corona. Jam semene mesthi aku wis adus, sarapan banjur mangkat sekolah. Ing sekolahan mlebu jam pitu, baris ing ngarep kelas. Ora lali nyanyi lagu Indonesia Raya kanthi khitmat, lan lagu daerah ora dilalekake. Ah… endahe… menawa bisa sekolah kaya adate.


Cerita ing dhuwur durung rampung, coba terusna migunakake basamu dhewe!
Catetan:
1.     Tulisen ing kolom komentar Blog bu Ayomi, kanggo cerita sing paling apik bakal entuk bebungah suk pas wis mlebu sekolah….
2.     Aja lali komentar ditulis jeneng lan kelase ya

Rabu, 08 April 2020

Tugas Bahasa Jawa Kelas IX

Wacanen wacan ing ngisor iki kanthi permati!


Wis meh sesasi ora bisa ketemu karo murid-murid, rasa kangen iki ngebaki dhadha. Isuk iki mau aku budhal menyang sekolah saperlu nindakake piket wajib kanggo bapak/ ibu guru. Sakjane ya padha karo murid-murid, dhawuhe pemerintah bapak ibu guru ya didhawuhi ing ngomah wae. Ananging amarga kewajiban, Bapak Ibu guru isih tetep maringi tugas kanthi cara daring supaya kowe kabeh bisa tetep sinau ana ing ngomah. Jebule, swasana sekolah menawa ora ana murid-murid kuwi sepi nyenyet. Kelas-kelas sing adate jam semene rame swasana pamulangan, nanging saiki ruang cacah patlikur kabeh tutupan. Amung keprungu swara cenggeret saut-sautan. Tekan suk kapan? Durung dimangerteni… Amung donga tanpa kendhat muga-muga virus corona enggal menyat.
Banjur tuwuh pitakonan, saksuwene sinau ing ngomah apa murid-murid bisa sianu tenanan? Kira-kira ana bedane apa ora, sinau dhewe karo sinau bareng kanca-kanca lan bapak ibu guru? Apa sing kok rasakake nalika sabendina ana ing ngomah wae? Apa wektumu bisa kok gunakake kanggo bab-bab sing ana gunane? Apamung nonton TV lan dolanan HP?
Coba jlentrehna/critakna apa wae uneg-unegmu saksuwene sinau ana ing ngomah wae!
Bisa kanthi gawe crita pengalaman pribadi utawa tetembungan cekak aos. Di upload ing instagram/FB
Tuladha:

Parikan
Udan udan mangan sate
Sate sapi  suruh salatiga
Sinau dhewe ra ana gurune
Merga corona randang lunga
Geguritan
Jampi Murakabi

Lelara tumiba ing donya
Sumebare ora bisa diduga
Pating tremplek ing sandhengah papan
Ora ngetarani
Nanging bisa nglarani

Ora bisa dijupuki
Mung awake, ya kudu ngati-ati
Kae lho… lelarane tumiba ing donya
Bisa diweruhi kijing tharik-tharik
Sakehing wong dipencloki

Covid-19, Corona
Krungu jenenge wis nggegirisi
Medeni

Karo nunggu jampi sing murakabi
Kori-kori  ditutupi
Pasrah lan ndedonga marang Gusti
Lelara iki gek ndang lunga saka Negara iki

Salatiga, 17 Maret 2020


Catetan: 1. Kudu migunakake basa Jawa
               2. Tandai (FB: Ayomi Palupi, IG: Ayomi Palupi)






Membangun Literasi Digital Keluarga

Mari kita intip kegiatan anak sulung kita didalam kamarnya, ternyata sedang serius dengan gadgetnya. Kemudian mari berjalan, kita lihat sang...