Wis pirang-pirang sasi
lumaku, pasinaone bocah sekolah amung ing ngomah wae karo ibu. Tugas ibu saya
tambah sing adate mung masak, umbah-umbah, resik-resik omah, saiki katambah
dadi guru private bocah-bocah. Pancen ora ana jenjang pendidikan khusus kanggo
profesi iki, yaiku dadi Ibu. Nanging ing mangsa iki, Ibu kudu nguwasani maneka
warna bidang ilmu. Abot tanggung jawabe, tugas sekolah diparingake kanthi dalan
daring gelem ora gelem ya kudu
dilaksanakake. Pancen akeh tantangane, kanggo Ibu sing putra-putrane isih
sekolah ing tingkat TK lan SD mesthi wae beda karo Ibu sing putrane ing tingkat
SMP lan SMA.
Kanggo ibu sing putrane
isih TK lan SD, umure bocah durung cukup menawa didhawuhi sinau dhewe lan
dicekeli HP tanpa pendampingane wong tuwane. Ibu kudu ngontrol bocah-bocah
nggunakake HP kanggo srana sinaune. Menawa ora dikontrol bisa njedhul masalah
anyar, yaiku bocah-bocah tuman dolanan HP. Menawa ibune mligi ibu rumah tangga,
jadwa sinaune bocah bisa manut jadwal kang diparingake sekolahane. Bab kuwi
ditindakake supaya anak tetep disiplin migunakake wektune.
Nanging kanggo ibu sing kudu nyambut gawe ing
njaba wayah sekolah lan ora bisa nunggu putrane sinau ing wayah isuk. Ibu bisa
ngatur waktune kanthi cara gawe jadwal sing kudu dilaksanakake bocah-bocah, iki
uga bisa nglatih karakter bocah yaiku tanggung jawab. Kudu cetha kapan
bocah-bocah kudu dolanan, ibadah, lan ora lali turu awan amarga menawa jadwal
iki ora ditindakake bisa pengaruh konsentrasi sinaune ing wayah bengine. Sinau
karo bocah TK lan SD, Ibu kudu sabar ngalahi maca materi lan nerangake meneh
marang putra-putrane. Menawa ana materi sing kurang dipahami dening ibune, ibu
bisa langsung nyuwun piterangan marang guru kelase, utawa bisa browsing ing HP pintere. O iya ibu bisa
ngajak putrane sinau lifeskill, ora
kudu jumbuh karo kurikulum sekolahan. Diajak sinau sinambi dolanan utawa
praktik sederhana ana ing ngomah supaya bocah-bocah ora bosen mung sinau ing
nghomah.
Lha menawa putrane wis
SMP lan SMA, Ibu kudu menehi pangerten marang putra-putrane bab tanggung jawab
lan kebutuhane bocah. Bocah SMP lan SMA wis ora patia butuh diterangake bab
pelajaran dening ibune. Amarga bocah umur telulasan tahun wis wiwit konsentrasi
lan ngerti carane piye menawa durung paham bab materi sing lagi disinaoni.
Nanging kontrol saka Ibu dibutuhake banget, akeh bocah-bocah sing mung ngapusi
wong tuwane. Ing kamar katon serius, tibake mung ngegame online ora ngerti wayah. Tugas sekolah uga ketheteran, ora
padha digarap. Lha kok nggarap, bukak materi utawa mlebu kelas online wae padha
wegah. Wis ngono menawa kuoatane entek, jaluk ditumbasake wong tuwane nganggo
alesan sinau online. Mbok menawa iki
masalah umum sing diadepi ing masa pandemi. Nanging minangka wong tuwa ya kudu
tegas, bocah-bocah dilatih disipin lan tanggung jawab. Dadi wong tuwa tetep
menehi kalodhangan dening putrane kanggo ngegame,
nanging kudu ditegasake bab tanggung jawabe nggarap tugas sekolahe lan aja
nganti lali wektu ngibadahe.
Ibu pancen kudu cerdas
ndudut atine putra-putrane, carane ya dijumbuhake karakter putrane dhewe-dhewe.
Menawa ibu bisa dadi mitra lan guru kanggo putra-putrane mesthi wae pendidikan
siswa ing mangsa pandhemi iki bisa dilewati kanthi lancar lan ora mleset saka
tujuan pendidikan Nasional. (Ayomi Palupi Irawati)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar