Pasa
Sedhela engkas awakmu teka
Teka nggawa berkah kanggo wong sak donya
Ngibadah sing ditindakna mung Gusti Allah thok sing pirsa
Wayah isuk padha gampang tangi saur
Wayah awan padha ngokehi tilawah Quran
Wayah maghrib Wis teka,
Krasa bagya mulya
Waktu sing paling dienteni wong nindakake Pasa
Merga ana rong nikmat sing dirasa
Nikmat buka rasane ra bisa diungkapna
Nikmat mbesuk manawa ketemu sing Maha Kuasa
Eman manawa awake dhewe ora Ngibadah tenanan
Mengko ora keduman
Merga ganjaran ditikelake
Ngibadah di itung luwih aji ketimbang sewu Wulan
Ayo padha gumregah
Ramadhan sedela engkas teka
Teka nggawa warta
Awake dhewe klebu ora ing golongane wong sing takwa
Sebelum Ramadhan
1437 H
Tidak ada komentar:
Posting Komentar