Edan
Ngguya-ngguyu
Mloka-mlaku
Mrana-mrene
Cekikikan
Cekakakan
Kadangkala sesingidan
Uga blak-blakan
Edan
Ora
waras
Ganjil
Ora
genep
Wong edan ora waras
Wong ganjil ora genep
Saiki akeh wong edan ora waras
Mloka-mlaku mrana-mrene
ngguya-ngguyu dhewe
Salatiga,
2 Mei 2017
Tidak ada komentar:
Posting Komentar