Rabu, 03 Mei 2017

Jam Pira Iki??



Jam Pira Iki?

Wis jam lima
Gregah menyat
Wis jam enem
We-weh kok cepetmen
Wis jam pitu
Jebul during cetha sing arep dituju
            Wis jam wolu
            Arep ngapa aku?
            Wis jam sanga
            Lha kok jebul ra ana apa-apa
            Wis jam sepuluh
            Jebul kaya wong ling-lung
Wis jam sewelas
Ateges iki wis awanta?
Nanging ya mung bablas
Jam rolas
Tengah ari wayahe bagaskara wis pol panas
            Jam siji
            Lagi wae kelingan sing arep ditandangi
            Lagi eling menawa wektunw kawet mau ra mbejaji
            Jam loro wis kebacut nglokro
            Jam telu, eman…
            Mau-mau ngapa ra temandang?
Sakabehing kuwajiban ora ditindakna
Maneka warna kekandhan ora dipaelu
Jam papat, wes sore
Wayahe srengenge wes angslup
Mengulon bali ing ngarsane panguwasa jagad
            Sedina mung nglegakake
            Meneng wae, tumandang ora ana gunane
Merga ora ngerti tujuane


Salatiga, 2 Mei 2017

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Membangun Literasi Digital Keluarga

Mari kita intip kegiatan anak sulung kita didalam kamarnya, ternyata sedang serius dengan gadgetnya. Kemudian mari berjalan, kita lihat sang...