Rabu, 05 Oktober 2016

Wayahe Wis Wengi


Wayahe wis wengi
Wengi iki aku dhewe
Tanpa awamu ana kene
Wayahe wong wong padha mabur ana ing impene
Aku dhewe ana kene
Mikirke kowe
Wengi wengi sakbanjure
Tetep mangkene kahanane
Aku ya isih dhewe
Mikirke kowe
Kowe?
Sapa kowe?
Aku ya bingung dhewe
Merga awakmu durung tinakdir ngancani aku ing kene
Aku isih nunggu awakmu teka mrene
Dak kosongke sak ruang ing atiku
Nunggu Gusti nggawa awakmu mrene nganthi aku
Napaki dalan urip bebarengan saklawase
Wengi iki aku dhewe
Menawa ana ing salah sawijining panggon
Uga ana pawongan  sing lagi dhewe
Ing wengi iki nunggu jodhone

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Refleksi Di Hari Guru

 Di mana letak bahagiaku menjadi seorang guru? Bagiku, jawabannya sederhana: Menjadi guru adalah jalan setapak menuju kebahagiaan itu sendir...