Salatiga, 10 Januari 2017
Duk ing kuna ingsun wis nate matur
Marang bapa biyung
Napa kula saged?
Napa kula nggih patut?
Gadhah impi ingkang inggil
Ingkang inggilipun ngantos gegana?
Bapa biyung ngendikan
Apa wae Le impimu kuwi?
Bapa biyung tansah dedonga kabeh diijabahi
Nanging aja mung kembang turu jroning impi
Impimu iku rak gegayuhanmu
Mula usahakna tenan ing uripmu
Emas picis raja brana wanita uga tahta
Iku kembange impen ing donya
Bisa mbok duweni
Kanthi tememen anyambut kardi
Kabeh ora ana gunane manawa sira ra gelem
donga
Nyedhak kro Sing Maha Kwasa
Merga iku kabeh mung fitnah donya
Manawa ora dilandhesi iman lan takwa
Wong kuwi kabeh ra ana gunane manawa wis dadi
bangke