Kamis, 08 Juni 2017

Para Dwija




Dina buda iki
Wayahe wisan gawe
Aku age-age munggah ana kene
Netepi jejibahanku kaya adate

Bocah bocah padha ibut karepe dhewe
Dak deleng...
Lha kok panggah ora budidaya anteng

Pancen bocah-bocah saiki ora predhuli kahanan
Dwijane padha usaha kanti tenanan
Nanging padha sekolah ra ngerti tujuwan
Mangkat mulih mung kanggo gugurke kewajiban
Diwenehi garapan ya ora kalaksanan

Aku mung isa ambegan
Ngadheg ing ngarepan
Karo mesem ngujiwat takon bab pelajaran
Uga mbaleni olehku kekandhan
Muga olehku  bola bali mangkene
Ing akhire bisa guna ing uripe
Wasis sakabehe ing tembe mburine

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Refleksi Di Hari Guru

 Di mana letak bahagiaku menjadi seorang guru? Bagiku, jawabannya sederhana: Menjadi guru adalah jalan setapak menuju kebahagiaan itu sendir...