Kamis, 08 Juni 2017

Impiku ora mung kembang turu




Salatiga, 10 Januari 2017
Duk ing kuna ingsun wis nate matur
Marang bapa biyung

Napa kula saged?
Napa kula nggih patut?
Gadhah impi ingkang inggil
Ingkang inggilipun ngantos gegana?

Bapa biyung ngendikan
Apa wae Le  impimu kuwi?
Bapa biyung tansah dedonga kabeh diijabahi
Nanging aja mung kembang turu jroning impi

Impimu iku rak gegayuhanmu
Mula usahakna tenan ing uripmu
Emas picis raja brana wanita uga tahta
Iku kembange impen ing donya

Bisa mbok duweni
Kanthi tememen anyambut kardi
Kabeh ora ana gunane manawa sira ra gelem donga
Nyedhak kro Sing Maha Kwasa
Merga iku kabeh mung fitnah donya
Manawa ora dilandhesi iman lan takwa
Wong kuwi kabeh ra ana gunane manawa wis dadi bangke

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Membangun Literasi Digital Keluarga

Mari kita intip kegiatan anak sulung kita didalam kamarnya, ternyata sedang serius dengan gadgetnya. Kemudian mari berjalan, kita lihat sang...