Rabu, 05 Oktober 2016

Kabeh Iku Paringane


 Awak sehat iku paringane
Bojo ayu apa bagus iku ya paringane
Anak pinter lan cerdas ya paringane
Omah apik uga paringane
Kendharaan ya paringane
Ngono kok arep gumedhe
Wong kabeh mung paringane
Paringane Gusti sing kagungan sakabehe
Ngono kok ora gelem padha ngakehi rasa syukure
Mung isa pamer mrana mrene
Ora sadhar iku kabeh mung titipan
Uga akeh wong lali ngedum karo tangga sing kekurangan
Kamangka ngedum banda kanggo wong kekurangan iku ya kuwajiban
Ealah ana uga wong sing gelem uweh marang liyan
Nanging diugkit lan diketokake
Nganti sing nampa tangane kisinan terus dibalekake
Lur... lur... para sedulur ayo kelingan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Refleksi Di Hari Guru

 Di mana letak bahagiaku menjadi seorang guru? Bagiku, jawabannya sederhana: Menjadi guru adalah jalan setapak menuju kebahagiaan itu sendir...