Rabu, 05 Oktober 2016

Biyung



Ngendikane kanjeng Nabi
Sapa pawongan kang kudu dikurmati sakwise marang Gusti
Biyung
Biyung
Biyung
Nembe Bapa
Biyung ku wanita kang prasaja
Rasa tresnane marang putra putra ora nate diungkapna
Nanging bisa dirasa
Aku tansah kelingan nalika semana
Nalika aku ora wani kandha merga dinakali kanca
Biyung kaya kaya ngerti apa sing dak rasa
Nyedhaki aku karo kandha
Ngapa ndhuk kok mripatmu kaca-kaca
Dak sikep biyung ora bisa kumecap apa-apa
Nanging rasa kelara lara saknalika nguap wis ra krasa
Biyung
Saiki ya isih sambat aduh biyung
Teka suk mben iya tetep sambat aduh biyung
Menawa suk wayahe Gusti jupuk nyawa iki
Ya sambat aduh biyung
Biyung
Aku tresna marang biyung

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Membangun Literasi Digital Keluarga

Mari kita intip kegiatan anak sulung kita didalam kamarnya, ternyata sedang serius dengan gadgetnya. Kemudian mari berjalan, kita lihat sang...