Belajar dari seorang wanita yang sangat kuat menghadapi
ujian kehidupan rumah tangganya...Wanita yang bisa sabar dan kuat menhadapi
cobaan ini. Seorang wanita yang sangat inspiratif, tidak pernah mengeluh juga
tidak pernah menceritakan masalah rumah tangganya dengan siapapun. Pada
anak-anaknya, saudaranya apalagi kepada tetangga-tetangganya. Menyimpan rapat
rapat masalah keluarganya selama puluhan tahun dan kuat menyimpannya
sendirian...
Sapada
geguritanku kanggo awakmu
Wis pirang wengi awake dhewe kumpul nyawiji
Nglakoni urip bebrayan sakwuwene iki
Playune wektu kayadene kilat
Mak clap...
Lagi wae weruh padhange
Cepet kaganti
Kasaput mega mendhung
Peteng lelimengan
Rasane kok lagi sedhela
Napaki dalan urip iki bebarengan
Apa awakmu ngerti?
Rasaning ati nalika kok blenjani
Awakmu blenjani janji janji
Sing wis nate kok ucap marang Gusti
Bakal nyawiji nganti tekaning pati
Nanging...
Dak kuatke atiku nampa pacoban iki
Tetep dak antu antu tekamu
Dak jak momong anak putu
Ana ing sakdawane donga pujiku
Awakmu bali mulih
Netepi janjimu sing suci
Sing wis kebacut tak patri ing jero ati
Dan sekarang wanita inipun tetap bersabar dan kuat....
Saiki
awakmu wis bali
Saksuwene tak enteni pirang pirang sasi
Kanyata awakmu bali
Netepi janji
Apa mung kepeksa ati
Aku ya ora ngerti
Nanging balimu wis keri
Aku ing kene kelara lara nganti lara
Arep kumecap
Arep sambat
Ya wis ora kuat
Aku mung isa ngampet lara iki
Nyawang awakmu bali
Nanging mung gawa separo ati
Ngrasakake gilir gumantine dina
Tanpa bisa nindakake apa apa
Rasaning lara ora bisa dak ungkapna
Amung bisa ngrerintih sambat marang Sing Kuasa
# untuk belajar bersabar_menjadi istri salehah
#untuk belajar bersyukur_memiliki suami yang penyayang dan
perhatian
# untuk menyetop_agar tidak membicarakan aib pasangan
#untuk belajar kuat_ menjadi ibu yang hebat
#untuk para suami
#sayangi ibumu
#sayangi istrimu
#sayangi keluargamu
#Kerana doa ibu, doa istri yang terdholimi akan diijabahi
olehNya
Baguuus...terharuuu big hug mbk..:)
BalasHapusBaguuus...terharuuu big hug mbk..:)
BalasHapus