Ujian Sekolah
Salatiga, 26 Maret 2015
Biocah bocah...
Ing kene wis telung taun anggonmu padha sekolah
Iki wancine kowe kabeh padha obah
Kanthi sinau sewayah-wayah
Lan ora lali ngakehi ibadah
Dadi bocah bisaa gawe wong tuwamu bungah
Bungahe manawa anake ora padha urip susah
Ya mung kanthi usahamu sing ora krasa sayah
Ayo cah... aja
nglokro anggonmu nglakoni ujian sekolah
Semangat ya Cah
Tidak ada komentar:
Posting Komentar