Salatiga,
7 April 2015
Jare ngono ora arep suwala, ora arep endha
Manut sing dadi titah sing Kuasa
Netepi Kuwajibane manungsa
Nanging jenenge wae manungsa
Menus-menus kakean dosa
Apa wae sing ditindakna
Ana wae sing nyrempet marang tumindak ala
Saka lathine wae, lagi guneman sithik
Ana tetembungan sing gawe lara penggalihe wong
liya
Arep meneng wae? Apa iya bisa?
Mengko ya dadi guneme wong akeh,
jare “ wong kok anggep ora gelem sesapa”
Mula Gusti Allah tansah mbukak lawange tobat
Supaya manungsa gelem metani tumindake dhewe-dhewe
Ora mung golek alane tumrab sapadha-padha
Saben wayah ngakehi anggone tobat, jaluk ngapura
marang sing Kuasa
Tidak ada komentar:
Posting Komentar