Orasah ndadak cuwa
Menawa sing kok karepake ora kebeh cumawis
Uga sing kok enteni seprana seprene durung kecandak
Bisa nyedhak
Mbok menawa mung butuh let
Sedhela apa suwe
Mengko mesthi bisa kajangkah
Rasa bungah njedhul sakwise ana rasa susah
Kuwi wis mesthi
Ora pijer susah terus
Apa bungah terus
Rasa bungah thukul sakwise krasa susah
Orasah ndadak mangu-mangu
Jumangkah maju
Napaki dalan nut reroncene Gusti
Nyekseni sing bakal dumadi
Bungah
Salatiga, 31 Januari 2023
Tidak ada komentar:
Posting Komentar