CERITA LEGENDA
Dening; Ayomi Palupi Irawati, S.Pd
A.
Pendahuluan
Modul niki kadamel kagem pasinaon wonten
kelas wolu semester setunggal inggih punika wonten Kompetensi Dasar Memahami
isi teks cerita Legenda saha Menceritakan kembali cerita legenda. Amargi kawontenan
buku paket Basa Jawi saking Pemerintah dereng wonten, pramila wonten mriki kula
nyerat modul supados pembelajaran langkung gampil dipun tampi dening lare lare
wonten SMP mliginipun siswa siswi SMP N 8 Salatiga.
Dipun tingali sedaya tiyang remen nggatosaken
dongeng, amargi saking dongeng tiyang saged nyinaoni isinipun kanthi gampil.
Salah satunggalipun jenis dongen inggih menika Legenda. Legenda inggih menika
salah satunggalipun dongeng ingkang nyariyosaken dumadinipun salah
satunggalipun panggenan utawi salah satunggalipun bab.
Siswa supados saged maos saha mangertosi
wosipun salah satunggalipun legenda sahengga saksampunipun maos, para siswa
saged paham saha saged nyariosaken carita legenda kanthi bentuk tulisan ugi
lisan.
B.
KEGIATAN
BELAJAR
Kegiatan
Belajar I: Memahami Isi Teks Cerita Legenda
1. Tujuan
Sakwise nyinau wulangan iki siswa bisa;
a.
Nemokake tembung tembung sing angel banjur mangerteni
teges lan tembung liane ing cerita “Dumadine Aksara Jawa”
b.
Mangsuli lan gawe pitakonan kang gegayutan karo isine
cerita “Dumadine Aksara Jawa”
c.
Nemtokake isine cerita “Dumadine Aksara Jawa”
migunakake basane dhewe
2. Materi Pokok
Cerita Dumadine Aksara Jawa
3. Uraian Materi
Wacanen cerita Legenda ing ngisor iki
banjur eling elingen urut-urutan prastawa ing jero crita kasebut!
DUMADINE AKSARA JAWA
Kacarita, Prabu Dewatacengkar Ratu ing Medangkamulan.
Prabu Dewatacengkar seneng dhahar daging wong. Mula wong-wong ing Medangkamulan
padha susah atine. Malah akeh sing padha ngungsi menyang panggonan liya. Padha
wedi yen didhahar Dewatacengkar.
Nalika rakyat padha susah, teka satriya bagus kang aran
Ajisaka. Ajisaka mertamu marang Mbok Randha. Mbok Randha carita kadadean ing
Negara Medangkamulan. Ajisaka trenyuh atine krungu ceritane Mbok Randha. Deweke
duwe karep sesuk arep nemoni Dewatacengkar.
Ajisaka duwe abdi loro cacahe kang aran Dora lan Sembada.
Dora lan Sembada ditinggal ana ing Pulo Majethi. Wong loro mau didhawuhi njaga
keris. Ajisaka weling marang Dora lan Sembada. Welinge mangkene:
1.
Dora lan Sembada
ora kepareng nusul yen ora ditimbali
2.
Kerise ora kepareng
diwenehake sapa wae kajaba Ajisaka dewe.
Sawijining dina, Ajisaka nemoni Dewatacengkar. Ajisaka
saguh didhahar Dewatacengkar, nanging Ajisaka duwe panyuwun, yaiku lemah
saambane ikete. Dewatacengkar nyaguhi.
Ajisaka njereng ikete. Jebul ikete amba banget.
Ambane nganti tekan segara kidul. Dewatacengkar ngetutake. Nalika tekan
sapinggire segara kidul, Dewatacengkar kecemplung badar dadi baya putih.
Sawise nyirnaake Dewatacengkar, Ajisaka banjur diwisuda
dadi ratu ana ing Nagara Medangkamulan. Ajisaka banjur ngutus Duga lan Prayoga
nusul Dora lan Sembada. Ing dalan, wong loro iku kepethuk Dora banjur
ngomongake pesen saka Ajisaka. Dora banjur ngajak Sembada nusul Ajisaka.
Sembada ora gelem amarga ora ditimbali Ajisaka dewe. Dora njaluk kerise,
nanging Sembada ora ngulungake, amarga dudu Ajisaka dewe kang mendhet. Wusanane
Dora lan Sembada padha pasulayan.
Dora lan Sembada perang tanding. Loro-lorone padha
digdayane banjur mati kabeh. Kanggo pangeling-eling lelakon iku, Ajisaka
nganggit aksara
jawa
cacahe rong puluh (20). Aksara
Jawa
iku mangkene:
·
HA NA CA RA KA
tegese ana utusan
·
DA TA SA WA LA
tegese padha pasulayan
·
PA DHA JA YA NYA
tegese padha digdayane ( kuwate / sektine )
·
MA GA BA THA NGA
tegese padha mati kabeh
https://jv.wikipedia.org/wiki/Carita_Aji_Saka
Nama:MAHARDIKA DAFA RASENDRIYA
BalasHapusKelas:8E
Absen:16
bilqis, 8e, 9
BalasHapusNama:febila khoirunnisa
BalasHapusKelas:8E
Absen: 14
Nama:Deni andrianto
BalasHapusKelas:8E
No:10
NAMA : selvi budi setyani
BalasHapusKELAS :BVE
NO : 25
Nama : Dewi Alfiah Ningsing
BalasHapusKelas : 8E
No :11
Aisha Maulida Latifa/8e/03
BalasHapusZaskia dhini ramadani
BalasHapus8E
Absen 30