ANOMAN DUTA
Dening; Ayomi Palupi Irawati, S.Pd
A.
Pendahuluan
Modul niki kadamel kagem pasinaon wonten
kelas sanga semester setunggal inggih punika wonten Kompetensi Dasar Memahami cerita
wayang Ramayana lakon “ Anoman Dhuta” saha Menanggapi isi teks cerita Ramayana
“Anoman Dhuta”. Amargi kawontenan buku paket Basa Jawi saking Pemerintah dereng
wonten, pramila wonten mriki kula nyerat modul supados pembelajaran langkung
gampil dipun tampi dening lare lare wonten SMP mliginipun siswa siswi SMP N 8
Salatiga.
Cerita wayang Ramayana inggih menika salah
satunggalipun cerita wayang ingkang kawentar, boten naming wonten tanah Jawa
kemawon ananging kawentar wonten donya. Amargi kawontenanipun cerita katresnan
antaranipun Rama kalih sinta .
Siswa supados saged maos saha mangertosi
wosipun salah satunggalipun epos wayang Ramayana inggih menika lakon Anoma Dhuta
sahengga saksampunipun maos, para siswa saged paham saha saged nyariosaken lan
mendhet piwulang saking lakon Anoman Dhuta
B.
KEGIATAN
BELAJAR
Kegiatan
Belajar I: Memahami Cerita wayang Ramayana lakon Anoman Duta
1. Tujuan
Sakwise nyinau wulangan iki siswa bisa;
a.
Paham isine cerita wayang Ramayana lakon Anoman Dhuta
b.
Nemokake tembung tembung sing angel banjur mangerteni
teges lan tembung liane ing cerita “Anoman Dhuta”
c.
Mangsuli pitakonan nggunakake bahasa krama cerita “Anoman
Dhuta”
d.
Nemtokake isine cerita “Anoman Dhuta”migunakake basane
e.
Nemokake piwulang becik ana ing cerita “Anoman Dhuta”
2. Materi Pokok
Cerita Anoman Dhuta
3. Uraian Materi
Wacanen cerita Wayang Ramayana ing ngisor iki banjur eling elingen
urut-urutan prastawa ing jero crita kasebut!
ANOMAN DHUTA
Prabu Rama lagi
duka amarga Dewi Shinta, garwane, didustha dening Rahwana. Anoman banjur diutus
budhal menyang Ngalengka kanggo mapag lan nggawa bali Dewi Shinta nanging
katekan wanara liya kang jenenge Anggada. Anggada kepengin dadi utusane Rama
kanggo mapag Dewi Shinta, sakloron padu padha pamer kakuwatan. Minangka solusine, Prabu Rama
banjur menehi sayaembara kanggo Anoman lan Anggada. Nalika ditakoni sapira suwine
wektu kang ditempuh kanggo menyang Ngalengka Anoman mangsuli butuh wektu
sepuluh dina, nanging Anggada bisa nempuh mung pitung dina bae. Anoman
ngudhunake dadi limang dina lan Anggada mangsuli telung dina. Pungkasane Anoman
menang sayembara amarga dheweke sangguh teka ing Ngalengka kanthi wektu sedina.
Anoman banjur budhal dikancani dening Semar, Petruk, lan Bagong.
Anoman kepengin cepet-cepet banjur punakawan dilebokake neng
kancing gelung Anoman. Wiwitane Anoman budhal menyang kahyangan kanggo nemoni Bathara
Surya lan matur supaya srengengene diendheg. Kanthi cara mangkono dinane bakal
awan terus lan Anoman bisa teka ing Ngalengka sedina bae kaya janjine. Sawetara
suwi mikir, Bathara Surya pungkasane gelem ngendheg lakune srengenge, iku bae
amarga Semar kang nyuwun marang Bathara Surya. Sawise iku Anoman mudhun maneh
nanging lagi bae midak lemah, dheweke kesedhot segara. Jebule kang nyedhot
Anoman iku Ditya Wil Kataksini kang njaga segara Ngalengka banjur diuntal
menyang jero wetenge. Anoman ngupaya metu saka jero wetenge Wil Kataksini
kanthi mbedhah wetenge nganggo kuku Wajane. Wil Kataksini mati lan Anoman
nerusake lakune.
Anoman kang diuntahake Wil Kataksani tiba ing gunung lan
semaput. Punakawan banjur nggawa Anoman menyang gowa Windu kang ing kono ana
wong wadon tapa jenenge Dewi Sayempraba. Dewi Sayempraba banjur nolungi si
Anoman lan punakawan, diwenehi panganan lan ngombe. Anoman ora bae waras saka
larane nanging uga kepranan marang dewi kasebut. Sawise krasa cukup suka pari
suka karo Dewi Sayempraba, Anoman pamit budhal nerusake laku menyang Ngalengka.
Metu saka gowa Anoman dadak ora bisa ndeleng, dheweke dadi wuta. Anoman lan
punakawan sedhih karo kahanan kaya mangkono amarga dianggep Anoman bakal gagal
menyang Ngalengka kanggo nggawa bali Dewi Shinta kaya kang wis diutus Rama.
Anoman dikancani punakawan mbacutake lakune kanthi grayah-grayah nganti
pungkasane Anoman ketemu karo Garuda Sempati. Garuda Sempati iku kadange Garuda
Jatayu kang dipateni Prabu Dasamuka kanthi pedhang Menthawane nalika nolungi
Dewi Shinta. Garuda Sempati banjur nolungi Anoman lan punakawan nggunakake
idune lan ndedonga marang Dewa. Anoman lan punakawan kasil ndeleng maneh sawise
ditambani Garuda Sempati. Sawise leren sawetara, Anoman atur panuwun marang
Garuda Sempati lan pamit nerusake laku.
Ing tengahing laku Anoman nglewatidalan kang alus banget
kaya babut utawa karpet nanging jebule iku ilate Ditya Ilatmeja utawa Wil
Kataksa. Anoman diuntal maneh neng ero weteng nanging saiki karo Wil Kataksa.
Kaya kang wis tau kedaden, Anoman mbedhah wetenge Wil Kataksa nganggo kuku
Wajane. Sawise kasil metu saka jero wetenge Wil Kataksa, Anoman miber menyeng
Ngalengka. Indrajid, putane Prabu Dasamuka kang mangerteni tekane Anoman
nggoleki dheweke neng sakupenge praja. Anoman ora kasil ditemokake dening
Indrajid amarga sesidheman ing wit nagasari kang ana sajrone Taman Asoka.
Banjur Anoman nembang nganti keprungu swarane Dewi Trijatha (adhine Prabu
Dasamuka). Dewi Trijatha kang mangerteni bab kasebut kaget ana kethek putih
banjur kesengsem. Anoman dielus-elus lan dipangku nganti Anoman mijil kamane
lan ceblok ing pangkone Dewi Trijatha. Kama banjur diusapi dening Dewi Trijatha
kanthi ron kamal lan dibuwang ing bengawan. Kama Anoman kang korut ing bengawan
banjur diopeni Dewi Pratalawati (selir Prabu Dasamuka) ing Negara Guwa Pratala
lan ing tembe dadi jabang bayi wujud wanara seta kang dijenengi Raden
Triyangga.
Kanthi pitolungan saka Dewi Trijatha, Anoman kasil sowan
marang Dewi Shinta banjur menehake ali-ali saka Prabu Ramawijaya. Yen ali-ali
kasebut ora sesek lan bisa diagem dening Dewi Shinta kanthi longgar
mratandhakake yen Dewi Shinta isih suci. Kabukten yen Dewi Shinta isih suci
banjur menehake uga marang Anoman kanggo diaturake Prabu Rama susuk kondhe
minangka pralambang yen Dewi Shinta ngenteno banget tekane Ramawijaya. Nalika
Anoman cecaturan kalawan Dewi Shinta dumadak kapriksan para prajurit Ngalengka
banjur dikepung Indrajid lan prajurite. Anoman digujer tanpa bisa nglawan.
Dheweke digawa menyang pasewakan. Printahe Dasamuka kang mangreteni bab
kasebut, Anoman dicencang tangn lan sikile kanggo diobong. Tanpa diweruhi
liyane, Togong, jelmaan Sang Hyang Antaga menehi Anoman banyu sacegukan kanthi
kesepakatan yen omahe Togog dijaga saka anane bahaya.
Prabu Dasamuka kang mimpin pembakarane Anoman nyumet geni
ngobong kayu. Ora disangka-sangka dhuwure geni kasebut ora kasil mateni Anoman.
Malah Anoman mabur kanthi nggawa geni neng awake. Geni kang digawa banjur
diawut-awut neng pojok-pojoke praja nganti sanagara kobong kabeh. Akeh prajurit
mati saka pangamuke Anoman. Sawise Ngalengka kobong Anoman banjur mulih saprelu
sowan marang Prabu Ramawijaya ing Pancawati. Ing pinggirane segara kang
misahake Ngalengka lan Pancawati, Anoman nemokake Raden Wibisana (adhine Prabu
Dasamuka) kang semaput amarga dikepruk kangmase dhewe banjur diusadhani dening
Anoman. Minangka rasa panuwune, Anoman diterake bali menyang Pancawati dening
Raden Wibisana. Sabanjure teka ing Pancawati Raden Wibisana diangkat dulur enom
dening Ramawijaya lan didadekake penasihat raja. Mengkone saka Raden Wibisana
kasebut Prabu Ramawijaya bisa mangreteni titik lemahe para senopati Ngalengka.
Anoman kang slamet bali maneh menyang Pancawati banjur crita ngenani lakune
menyang Ngalengka lan nuduhake susuk kondhene Dewi Shinta kang mratandhakake
gelem baline Dewi Shinta yen dipapag Prabu Ramawijaya.
https://jv.wikipedia.org/wiki/Anoman_Duta?veaction=edit§ion=9