Minggu, 15 Maret 2020

Tugas Bahasa Jawa Kelas 8 SMP N 8 salatiga

Tugas Bahasa Jawa Kelas 8
Wacanen cerita legenda ing ngisor iki!
DUMADINE KUTHA SALATIGA
 Nalika kuwi kabupaten Semarang diasta dening Ki Ageng Pandhanaran kang banget kesuwure. Amarga anggone ngasta pemerentahan olehe mung bab bandha lan kasugihan. Saengga nglirwakake bab karohanen lan kajiwan kanggo sangu tembe yen wis seda.
Ing sawijining dina dheweke ketemu karo Sunan Kalijaga. Ki Ageng ora percaya yen panjenengane kuwi Sunan. Mula kanthi rasa gumedhe awit rumangsa menang drajat Ki Ageng banjur njaluk bukti marang sunan Kalijaga. Dheweke gelem sumujud, setya lan paring bandha kang ora ketung akihe  marang Sunan, yen Sunan saged maringi bukti.
Kanthi pasuryan bening cumengkling, Sunan Kalijaga meneng sing katone kaya lagi manunggal karo Gusti. Sawise kuwi netrane nyawang wit aren sing ana ing mburine Ki ageng. Ki ageng age-age noleh nyawang wit aren. Ki ageng kaget kolang-kaling sing maune rupa ijo saiki gumebyar sorote kaya emas. Kanthi rasa gugup kecampuran wedi lan isin, Ki Ageng ndingkluk lan nyuwun pangapura marang sunan Kalijaga.Wiwit kuwi Ki Ageng dadi muride sunan Kalijaga kang kawentar. Saengga kanthi lila legawa pangkat lan derajate dadi bupati diuculi. Ki Ageng ngrucat kadonyan netepi janjine marang sunan Kalijaga.            Ing sawijining dina Ki Ageng karo garwane Nyi Rimbawati dadi sesilihane Sunan Kalijaga ngumbara ing tlatah kidul nyebarake agama islam. Sing dadi perkara Nyi Rimbawati durung bisa ngrucat bab kadonyan. Mula Nyi Rimbawati ditinggal dening Ki Ageng lan Sunan Kalijaga. Nyi Rimbawati nyusul lakune Ki Ageng karo Sunan Kalijaga. Emas lan inten digawa kanthi dilebokake ing njero pring kanggo teken.
Ing tengah dalan Nyi Rimbawati dicegat rampok sing cacahe telu. Rampok kuwi ngrebut tekene Nyi Rimbawati kanthi peksan. Nyi Rimbawati mlayu nylametake awake, kanthi awak sing kesel wusanane bisa nyusul Ki Ageng lan Sunan Kalijaga. Kanthi tembung pedhot-pedhot dheweke nyritakake lelakon sing ditemahi dibekal wong telu. Saka lelakon kuwi, papan panggonan kuwi diwenehi jeneng Salatiga. Dijupuk saka tembung sing salah telu.

sumber: http://lisamegawati.blogspot.com/2013/07/dumadine-sutha-salatiga.html

1. Sakwise maca wacan ing dhuwur, tulisen tembung kacetak miring banjur golekana tegese. Bisa nggoleki teges ing kamus bahasa Jawa, utawa njaluk ngerti marang wong tuwane dhewe-dhewe ing dalem.
2. Sakwise mangerteni tegese, tembung tembung mau banjur gawenen ukara migunakake tembung-tembungmu dhewe!
3. Coba critakna meneh legenda Dumadine Kutha Salatiga migunakake bahasamu dhewe.

catatan: Digarap ing salembar kertas, ditumpuk menawa mbesuk mlebu sekolah.


1 komentar:

Membangun Literasi Digital Keluarga

Mari kita intip kegiatan anak sulung kita didalam kamarnya, ternyata sedang serius dengan gadgetnya. Kemudian mari berjalan, kita lihat sang...