Dongane Bapak
Ibu
“Buk Ira
budhal rumiyin nggih? Bapak wonten pundi Buk?” Ira dereng pamit kalih Bapak”.
Wayah isuk udakara jam enem pawon isih kemendheng. Bu Mardi isih ribut masakake
tenagane sing nggarap sawah. Karo nyugokake kayu ing pawone sing katon kemebul
amarga genine mati, ngelungake tangane merga dipamiti anake sing arep mangkat
sekolah mau. “ Iya... ngati-ati, sinau sing tenanan ya, kae Bapakmu isih nang
kandhang durung rampung anggone ngombor lan nimpal”. Saka pawon Ira pamitan
karo Bapakke “Bapak Ira budhal sekolah rumiyin”, Pak mardi sing lagi ing
kandhang semu mbengok mangsuli pamite anakke . “Ya sing ngati-ati, pinter
anggone sinau”.” Inggih Bapak” Semaure Ira. Ira sekolah ana ing sawijining
sekolah Negeri ing Kecamatane, mangkat sekolah kanthi numpak sepeda jengki
lungsurane kangmase.
Pak Mardi lan Bu Mardi iku sejatine ya Guru nanging
nyambi nggarap sawah lan ngingu open-open. Direwangi rekasa amarga dheweke
sakloron duweni gegayuhan dhuwur nyekolahake anak-anake nganti tekan perguruan
tinggi. Mula kanggo ngraih impene iku ya kanthi mangkono usahane, wong manawa
jagakake gaji olehne mulang ya ora cukup kanggo nyekolahake anake kabeh nganti
mentas perguruan tinggi.
Jene ngono ing atine, Ira ya kepengen kaya
kanca-kancane. Mangkat sekolah ora usah kesel-kesel ngobel pit jengkine, garek
nyegat mobil Isuzu sing lewat ing ngarep omahe. Wis tau Ira matur karo bapakke
manawa olehne mangkat sekolah pingin numpak Isuzu wae nanging Bapak ibune malah
menehi pilihan “ Lha kowe pengen sekolah dhuwur apa mangkat sekolah numpak
Isuzu nanging sekolahmu cukup nganti
teka SMA wae?”. Iku wangsulane Pak Mardi nalika Ira sambat pengen kaya kanca-kancane wegah numpak sepeda. Amarga diwangsuli mangkono ya mesthi wae Ira
ora wani mbantah kersane Bapak ibune, mula tetep numpak sepedha wae.
Olehne sekolah dilakoni kanthi tememen, manawa lagi
nglokro ora semangat Ira eleng kaya ngapa rekasane Bapak Ibune. Nyekolahake
dheweke lan adhi-adhine direwangi rekasa
bubar kondur mulang isih nggarap sawahe lan ngopeni ingon-ingone, manawa isih kurang direwangi
nggolek utangan mrana-mrene. Ira paham banget kayak ngapa rekasane Bapak Ibune,
mula bocahe ora wani neka-neka tansah mbangun turut marang wong tua. Saiki Ira
wis mlebu Perguruan Tinggi jupuk Jurusan Pendidikan Biologi, jumbuh karo
gegayuhane yaiku pengen dadi guru Biologi. Sejatine Ira iku ora bocah sing
pinter nanging amarga gelem tememen olehne sinau mula ing semester akhir bocahe
bisa daftar lan lulus dadi asisten Dosen ing Universitase. Lumayan entuk
bayaran arepa ora patia akeh bisa kanggo tuku ganti klambi utawa kebutuhan
liyane, wong sangu saka Bapak Ibu amung cukup kanggo mangan lan Fotokopy materi
kuliah. Perkara nyandhang manawa diitung mbok manawa Bapak lan Ibune mung
mundhutake klambi sak setel setahun.
Nuruti kepinginan nyandhang kayak kanca-kanca kuliahe ya mung
tangehlamun, kanca-kancane wae manawa
mangkat kuliah nyandhange modis-modis.
Ira bisa lulus kanthi wektu cepet yaiku telu
setengah taun uga kanthi biji sing ora
nguciwakake, iku gawe bungah Bapak lan Ibune. Sawijining dina ing wayah surup
sinambi nunggu adzan maghrib Ira matur marang Bapak Ibune “Bapak Buk’e Ira mpun
lulus nanging tasih di betahake wonten kampus, menawi kalih nyambut damel
wonten kampus kula kuliah S2 dos pundi?”. Kanthi ngati-ati Pak Mardi nyauri “
Bapak jane ya seneng manawa kowe suk dadi dosen, nanging adhi-adhimu isih butuh
ragat kabeh. Manawa Bapak duwe panemu kowe kuliaha maneh nanging jupuk Jurusan
Basa Jawa, iki Bapak isih kuat ngragati. Mbesuk Guru Basa Jawa ki masa depane
apik, meh kabeh jenjang Pendidikan ana mata pelajaran Basa Jawa manawa Guru Biologi nak wis akeh.”
Iba kagete Ira krungu ngendikane Bapakke wis rampung kuliah S1 Biologi kok
didhawuhi kuliah S1 maneh jurusan Basa Jawa. Mbayangake olehne mbaleni maneh
kuliah saka nol kanthi jurusan sing beda, jurusan sing ora patia diminati. Ira
semaur “ Lhah Bapak....” karo kembeng-kembeng mripate ngampet nangis, ora bisa
nerusake guneme. Akhire Ira nuruti kersane Bapak Ibune. Dina-dina dilakoni
kanthi niat nyenengake atine wong tua. Kuliah dilakoni kanthi abot merga iku
jurusan sing ora tau mlebu ana ing atine. Nanging Ira tetep nerusake kuliah
nganti tekan rampung. Wulan Juli Ira lulus kuliah, ndilalah wulan Agustus ana
bukaan pendaftaran guru negeri jurusan
Basa Jawa. Ira melu ujian guru negeri uga amarga dhawuhe Bapak lan Ibune, jane
ngono ya ora niat dadi guru Basa Jawa. Mula pas wektu pengumuman hasil ujian
Ira ya ora niat ngiliki keterima apa orane.
Sawijining isuk Ira arep budhal kerja wis tekan
dalan ndadak kelingan dompete keri. Mandheg ana ing dalan krungu Hpne mungal
ana sing ngebel “ O Bapak sing ngebel” .
Cepet cepet ira nampa telpun mau “ Bapak dompetipun Ira kentun” Ira wis
ndhisiki matur Bapakke, sakdurunge Bapakke ngendikan apa sing dadi sebabe
Bapakke telpun. Pak Mardi malah ora ngrewes babagan dompet nanging malah
ngendika bab liya “ Ir entenana ing kono aja mlaku dhisik Bapak tak mrono ana
kabar sing apik” ngendikane sajak bungah banget. Ora let suwe Pak Mardi mara
ing dununge Ira ngenteni ing pinggir dalan. Durung ngendika apa-apa banjur
ngrangkul putrane karo nangis amarga bangga campur bungah “ Ndhuk kowe ketampa
nyambut gawe”. Sajak ora percaya Ira melu nangis marga trenyuh ing batine
kandha “ Iki amarga donga Bapak lan Ibu, manawa ora amarga Bapak Ibu tangeh
lamun Ira bisa ketampa nyambut gawe”. Ridha Gusti Allah ana ing ridhone wong
tuwa.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar