Sakwise dina iku
Tresnaku marang awakmu
Saya grembaka ing atiku
He he...
Arep dak dadekake geguritan
Lha kok angel tenan
Merga aku poyang payingan
Lagi kedanan
Kedanan kasmaran
Arep padha disaru
Ya sakkarepmu
Wong dheke wis dadi bojoku
Mula rasa tresnaku ora bisa dak kandhakake ing geguritanku
Amung arep dak simpen ana ing atiku
Cukup aku lan awakmu sing ngerti bab katresnanku
Marang awakmu...