Omah-omah
Kanthi
ananing janji suci
Awake
dhewe wis nyawiji
Tansah
ngupaya netepi janji iki
Mbangun
bale somah
Ora beda
karo budhal perang ing palagan
Wong loro
kudu nggilikeke niat
Urip bungah
susah bebarengan
Nglakoni urip
bebrayan
Ing tengahe
ndalan ora gampang diprangguli
Akeh pepalang
Akeh pacoban
Urip kayadene
perjuangan
Kebak sandhungan
Urip ora
beda sawijining pendadaran
Urip kuwi
kanyatan
Bungah susah
maneka masalah dadi sega jangan
Mula
linandhesan rasa tresna ayo mbangun omah iki nuju dalan kamulyan